Senin, 25 Januari 2016

Mangan

source: http://iwanmuljono.blogspot.co.id

Dina iki isane mung nrima, karo mikir ketokane sesok iso mangan opo ora. Mboso wis iso mangan saban dina, "sesok iso mangan po ra" tak ganti dadi "sesok mangan opo". Pokokan manganku kudu enak lan nek iso yo sing bergengsi. Sakwise kelakon anggonku mangan enak, saban dina sing tak pikir yo "sesok mangan neng ndi" lan "sesok mangan karo sopo". Uripku luwih mulya, urusan mangan ora pati nggarai kemrungsung koyok biyen pas jaman isih susah. Siji sing saban dina nguras pikirku: sesok mangan sopo?

Sakjane aku yo sik kelingan marang welinge simbah nalika jaman semana. Mangan ra mangan sing penting kumpul, ngono ngendikane. Nanging, Mbah, jaman saiki seje kalih jaman semana. Ing jaman edan, sopo ora edan ora kumanan. Ing jaman edan, urusan mangan ora urusan mburi. Saumpama simbah durung ditimbali kondur dening Gusti, aku pengin crita perkara pitutur urip sing wis diwolak-walik jaman. Pitutur Simbah wus ora relevan, nek jere kancaku. Nganu, Mbah, "kumpul ra kumpul sing penting mangan" dirasa luwih pas kanggo jaman saiki. Mergo urusan mangan gak mung mangan penting wareg, soale ditambah gaya hidup karo godane donya. Angel, Mbah, angel! Perkara mangan, menungsa bisa ngelakoni opo wae. Agama, nasionalisme, citra, lan budaya ae bisa dadi barang dagangan.

Saumpama Simbah sowan sediluk moro jaman saiki, ojo kaget lan nggumun lho, Mbah. "Sesok mangan po ra" utawa "sesok mangan biasane" wis ra mbois.
Lelaku prihatin dilakoni nek emang dipekso keadaan, ora amarga sadare marang sejatining urip. Enek o yo mung sak iprit, sak crit, Mbah.

(Fiksi)

0 komentar:

Posting Komentar